Preman Seragaman
Nalika dina Minggu Mbah Muh, Pak Ryanta, Febry, lan Angga podho jagongan ing pelataran omah. Anggone jagongan sawise podo mlayu-mlayu isuk.
Mbah Muh : “ Nek pendak esuk mlayu-mlayu ngene penak yo
awak e le?”
Pak Ryanta : “ Nggih pak leres niku, menawi kanggih
kasarasan, niku sae, amargi hawanipun nalika enjing tasih resik, dereng kenging
kebul kendaraan pak.”
Mbah Muh : “ Iyo kui... mathuk aku... Eh le kok wingi
aku ndelok tivi ono bocah-bocah SMA neng Jakarta podo tawuran nganthi podho bacoki
wong kang ora salah, nek miturut penemumu sing salah kuwi wong tuane opo
lingkungan yo le? ”
Pak Ryanta : “Lho... bapak nggih mersani pawarta niku pak?
Miturut penggalih kula pak, iku boten saged disalahke sedanten, amargi lare-lare
wanci sakiki iku, sampun benten kalih wanci kula tasih sekolah pak.”
Nalika Mbah Muh lan Pak Ryanta lagi podho
jagongan, Febri metu nggawaake ombe kanggo ngancani jagongan e bapake lah
simbahe.
Febri : “
Monggo
Mbah..Monggo Pak unjukan lan nyamikanipun dikendheli rumiyin..”
Mbah..Monggo Pak unjukan lan nyamikanipun dikendheli rumiyin..”
Mbah Muh :
“ Walah... lha kok kowe pangerten banget le.. ngerti aku karo bapakmu iki lagi
ngelak.”
Febri :
“ Nuwun sewu mbah, kula badhe nyuwun tulung angsal pak?
Pak Ryanta :
“ Oleh le... Ameh njaluk tulung opo?
Febri :
“ Niku mbah, mangkih menawi kanca kula wonten ingkang nggoleki kula, diken
nenggo sekedap nggih mbah..”
Pak Ryanta :
“ Yo le..”
Mbah Muh, Pak Ryanta, lan Febri lagi podho ngombe, Angga teko nggoleki Febri arep ngajak dolan.
Angga :
“ Nuwun sewu Mbah, Pak Ryanta Febri wonten ing ngriya boten nggih?”
Pak Ryanta :
“ Ono le... tapi ketoke lagi neng mburi mau bocahe. Rene lungguh-lungguh disik
karo mangan-mangan nyamikan. Arep podho dolan nang ngendi esuk-esuk ngeneki?”
Angga :
“Nggih Pak. Kula kalian Febri badhe wonten griyanipun kanca pak.”
Pak Ryanta :
“ Le dolan ora macem-macem to?”
Angga :
“ Boten pak, kula kalian Febri badhe nggarap tugas pak.”
Pak Ryanta :
“ Walah.. yowes nek ngono.”
Mbah Muh :
“Nak Angga... kowe wes ndelok berita bocah SMA neng Jakarta podho tawuran
nganthi bacoki wong durung le?”
Angga :
“ Sampun mbah..”
Mbah muh :
“ Miturut pemikiranmu, opo gara-garane bocah SMA podho tawuran le? Mergo
lingkungan, opo mergo kurang pangerten saka wong tuane le?”
Angga :
“Nuwun Sewu mbah.. menawi miturut penggalih kula, lare SMA sami tawuran iku
kathah penyebabipun mbah, salahsatunggalipun sami olok-olokan kalih lare SMA
sanes mbah.”
Mbah muh :
“ Dadi bocah-bocah SMA le podho tawuran kae mung goro-goro olok-olokan? Lha nek
podho nganthi bacoki wong kang ora salah kuwi kepiye le?”
Angga :
“ Nggih mbah. Menawi dumugi ngonten iku kula boten mangertos mbah.”
Mbah muh :
“ Yan... miturutmu nek le tawuran podho nganthi bacoki wong kang ora salah kuwi
kepiye le?bocah SMA ki lak yo podho duwe pendidikan to, mosok kok yo pikirane
cupet banget, gek polahe koyo preman. Diparabi preman seragaman wangun kuwi.”
Pak Ryanta :
“Miturut penggalih kula pak, menawi lare SMA sami tawuran dumugi bacoki tiang
sanes niku kathah penyebabipun, salah sawijining inggih saking penggalihipun lare
enem menawi sampun mateni musuh sekolahanipun niku sampun ampuh ngonten mungkin
pak..
Nggih gadah pendidikan pak, namung menawi tiyang gadah ilmu utawi pendidikan ingkang inggil mboten di ganepi kalian akhlaq ingkang sae, nggih sami mawon pak mboten wonten maknanipun pak. Nggih nek tumindake kados iku saged diparabi niku wau pak.”
Nggih gadah pendidikan pak, namung menawi tiyang gadah ilmu utawi pendidikan ingkang inggil mboten di ganepi kalian akhlaq ingkang sae, nggih sami mawon pak mboten wonten maknanipun pak. Nggih nek tumindake kados iku saged diparabi niku wau pak.”
Mbah muh :
“Yo bener kuwi le.. nek awak dewe duwe ngelmu duwur tapi aklaq utawa tumindake
durung duwe tata krama kang apik yoo ra ono artine. Prihatin tenan e le aku
karo bocah-bocah jaman saiki.”
Pak Ryanta :
“ Prihatin babagan menapa mawon pak?”
Mbah Muh :
“ Aku prihatin bocah-bocah saiki pancen tata kramane yo rodo sudo, akhlaq yo
rodo kurang, prihatine yo ora eneng. Terus carane ngilangi kabudayan tawuran
kuwi kepiye yo?”
Pak Ryanta :
“ Leres sanget iku pak, lare-lare wanci sakiki tata kramanipun kirang pak,
tuladhanipun nggih kathah lare boten saged ngginaaken basa jawa ingkang leres,
kalih tiang sepuh nggih ngaggem basa ngoko, akhlaqipun nggih kirang amargi
kathah lare mboten shalat, prihatinipun nggih kirang dadosipun lare sakiki
boten ngurmati tiang sepuhipun pados arto.
Nggih caranipun pendidikan tata krama di wontenaken maleh, pendidikan
akhlaq ing sekolah ditambah, ngonten pak.”
Febri metu saka njero omah, banjur Febri takon marang Angga.
Febri :
“ Lhooo... uwes tekan to kowe ngga? Uwes suwe le tekan?aku njaluk ngapuro yo
ngga.. mau aku adus sikik. Sido nggarap tugas neng ngomahe Faiz?”
Angga :
“ Ya..sakuntara lah bri. Walah kit mau adus to kowe, kok suwe banget. Sido. Ayo
lek gelis mangkat, wis di sms wae aku karo faiz.”
Febri :
“ Enteni dilit tak njupuk tas..” (febri mlayu melebu njupuk tas)
Febri :
“ Ayo menyang ngga.
Mbah.. Pak kula badhe nggarap tugas wonten griyanipun faiz rumiyin..
Assallamualaikum.”
Mbah Muh lan Pak Ryanta : “Waallaikumsalam. Yo le...ngati-ati nang
ndalan..”
Angga :
“Mbah Muh.. Pak Ryanta kula budhal rumiyin. Maturnuwun nggih mbah, pak,
nyamikanipun. Assalamuallaikum.”
Mbah Muh lan Pak Ryanta : “Waallaikumsalam. Yo le...ngati-ati nang
ndalan..”

Tidak ada komentar:
Posting Komentar